Sabtu, 02 Maret 2013

Naskah Pidato BHS. Jawa "Maulid Nabi"


Assalamualaikum Wb. Wb.

Ingkang kula hormati bapak kepala sekolah SMP Negeri 2 Pasuruan, lan Bapak Ibu Guru sumawana rencang-rencang ingkang kula ajeni. Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken puja-puji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kita sedaya saged makempal dhateng pasamuan siang punika, kangge mengeti dinten kalairane Nabi Muhammad saw tanggal 12 Rabbiul awal utawi sering dipun sebat maulud Nabi.
Para pilenggah sedaya ingkang luhur ing budi, wonten ing tanggal 12 Rabbiul awing ing taun gajah, Muhammad lair dhateng bumi punika. Rikala Muhammad taksih dhateng madharan ibunipun, inggih punika Siti Aminah, bapakipun sampun seda, sahingga Muhammad lair punika kawantenanipun yatim. Saksampunipun yuswa 40 tahun, piyambake kalih Gusti allah swt dipun angkat dados nabi. Ajaran islam ingkang dipun tampi Nabi Muhammad saw, saged ngrembaka dhumateng umat sak ndonya kanthi pangorbanan ingkang ageng sanget dening Nabi Muhammad saw. Ngantos dinten punika ajaran Islam taksih dipun percados tiyang-tiyang anom-sepuh, lare ageng-alit lan para kawula mudha. Pengetan Maulud Nabi ngeten punika saged nambah iman kita sedaya sahingga kita tansaya tresna marang Nabi Muhammad saw. lan saya ajrih dhumateng Gusti allah swt. kanthi nglaksanaaken sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun. Kegiatan agami dhateng sekolahan kita ingkang saged nambah keimanan kita para kawula mudha inggih punika , rikala wulan Ramadhon dipun wontenaken sholat tarawih lan buka siam sesarengan.
Para pilenggah ingkang bagya mulya, mekaten kalawau ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten lepat kula nyuwun pangapunten sak kathah-kathahipun. Akhirulkalam wa billahi taufiq wal hidayah,  

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar